Ndelok Umah Sekan Nduwur Nganggo Google Map

Gurung suwe kiye nyong tuku hape sing mending canggih,merke bl****berry. Jarene si kena go ndelok umah sekan nduwur. Tapi kudu nganggo aplikasi,download ndisit nang appworld.
Bar download langsung mbae tak jajal ndelok umahe nyong sekan nduwur,pancen pas temenan. Katon umahe cilik menthik,wit witane mbarang ya katon.

Tapi sing marai nyong jengkel ke desane nggon nyong ora mlebu nang peta,ora nana tulisane. Anane desa tanggane,padahal desaane nyong ЩЄ ora pelosok2 nemen. Tapi sing desa luwih pelosok timbang desane nyong(jare wong wong lho…) malah ana tulisane jal.

Pokoke aplikasi sing jenenge google maps kwe kena nggo ndelok bumi sekan arah nduwur. Terus kena go luru arah seumpama arep meng daerah ngendi sing dituju tapi ora ngerti nggon nggone,pancen pas temenan.
Sing pingin njajal download mbae dewek naene kiye

Lha kiye sing ana tulisane abang ЩЄ umahe nyong,tepate si keluargane nyong. Haha,pancen jaman saiki kabeh serba internet. Dimanfaa’atna mbae lah sing apik apik.

Sent from WordPress for BlackBerry.